Sabtu, 20 Mei 2017

Uyon Uyon

UYON-UYON
 Uyon-uyon
·         Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya ndhalang, dipunwastani ‘patalon’. Uyon-uyon saged dipunsebat unining  gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi thuthukan alon utawa lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
·         Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan alon
·         ‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe gawe) miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
Lancaran
LELAGON PANGATAG
Swarawati :          Bapakne wanci esuk
                 Tlaten temen kowe tenguk tenguk
                 Ngelingana ning pawon kendile ngguling
Wiraswara :          Lha iku a rak butuhmu
                 Isen isen njroning pawon
Swarawati :          Iya bener kandhamu
                 Pawon iku dadi kwajibanku
                 Ning pikiren beras entek bumbu tapis
Wiraswara :          Yen ngono aku seng kojur
                 Apa sing kudu tak adol
Swarawati :          Aja keladuk gemblung
                 Uwong lanang mung kawitan dhengkul
                 Apa seneng yen brayatmu pada klingsir
Wiraswara :          Mangka aku seneng nganggur
                 Mangan turu omong kosong
Swarawati :          Hambok welas anakmu
                 Galo kae ana kebon jembrung
                 Sregep ana olah lemah ditanduri
Wiraswara:           Aku njaluk sangu pacul
                             Tumandhang anggarap kebon 


GUGUR GUNUNG
2  7    2    7  2 7     2   7    3     5    7 6    3   2       7   6
a-yo kan-ca a-yo kan-ca nga-yah-i kar-ya-ning pra-ja
2    3    2  3   2    3  2   3   2    7    6     5     6      2     5   3
Ke-ne ke-ne ke-ne ke-ne gu-gur gu-nung tan-dang ga-we
. . 5     6    6    6    6   6    2   3     5     6   5     7    6   5
    Sa-yuk sa-yuk ru-kun be-ba-reng-an sak-kan-ca-ne
. . 2  3   3   3  3    3      5    6    7    5      6    5   3  2
    li-la lan le-ga-wa kang-go mul-ya-ning ne-ga-ra
2   7  2  7  2  7  2     7 . . 3     5  6    6   6   6
Si-ji lo-ro te-lu pa-pat    ma-ju pa-pat pa-pat
. 3  6    7    6   3    3   3   2     7    6     5     3       3    3
  di-u-lang u-lung-a-ke mes-thi eng-gal ram-pung-e
. 6    6   6    6     6 . 6      6 . 5     5   5    5    5 . 5     5
 Ho-lo-bis kun-tul  ba- ris   Ho-lo-bis kun-tul ba- ris
. 3     3   3    3     3 . 3     3 . 7     2   6     5    3 . 2     2
  Ho-lo-bis kun-tul  ba- ris  Ho-lo-bis kun-tul  ba- ris

Piwulang Budi pekerti ing tembang Gugur Gunung :
1. Sing rukun karo kanca, tangga, sedulur.
2. Nyambut gawe yen ditindakake bebarengan, enggal rampung
3. Gotong royong bisa ngraketake paseduluran
4. Yen nyambut gawe kudu eklas ( lila legawa) supaya oleh rahmating Gusti.
5. Warga kudu labuh Negara, supaya Negara lan bangsa mulya raharja.
 Gamelan
·         Gamelan inggih punika tetabuhan kang rericikane akeh banget (miturut Baoesastra W.J.S).
·      Gendhang Lirihan utawa alusan, inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara nabuhipun ‘lirih’ utawa alus.
·         Musik gamelan Jawa nduwe nada luwih lebut lan alon, gamelan Bali tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mndayu-dayu lan dominasi swara suling.
·        Laras pelog punika 1 2 3 4 5 6 7. Laras slendro punika 1 2 3 5 6.
Kasusastran kang tinemu ing Gendhing
1.      Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.      Cengkok yaiku lak-luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.      Gendhing yaiku lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4.      Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5.      Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.      Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7.      Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.      Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.      Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga.
10.  Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11.  Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12.  Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/ pradangga.
13.  Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/ lelagoning gendhing.
14.  Irama yaiku ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
15.  Bawa yaiku tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16.  Buka yaiku tetabuhan utawa swara kang kanggo bukani gendhing.
17.  Blimbingan yaiku wujud wilahan gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran.
18.  Niyaga yaiku paraga kang ngayahi nabuh gangsa.
19.  Paniti yaiku paraga kang kajibah mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20.  Karawitan yaiku gumelaring gangsa saprabote.
21.  Waranggana yaiku wanita ingkang ngrengga karaawitan kanthi sindhenan.
22.  Saprangkat yaiku gangsa jangkep, laras slendro lan pelog.
23.  Sapangkon yaiku namung laras slendro utawi pelog kemawon.
24.  Cokekan yaiku pagelaran karawitan kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter, gong kemodhong.
25.  Alusan yaiku gender, gambang, rebab, siter, suling.
26.  Balungan yaiku demung, saron, peking.
Rericikanipun Gamelan
       1.      Wujud Tabokan

Kendhang Ageng
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.

Kendhang Ketipung
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.

Kendhang Ciblon
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.

Kendhang Wayangan
Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.

2.
      Wujud Wilahan

Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.


Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.


Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.


Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik


Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.

3.
      Wujud Wilahan Pencon


Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.

Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.

4.
      Wujud Pencon


Bonang Panembung
Wujud bonang kang paling gedhe.

Bonang Penerus
Wujud bonang kang cilik dhewe.


Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus. Asring kanggo mbukani gendhing.


Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.

Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.

Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.


Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.


Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
 

Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.

5.
      Wujud Kawatan


Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.

 
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.



Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.

6.
      Wujud Pipa


Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.


Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.

  Tabuh Gamelan