Pangertosan
Pawartos
· Pawartos inggih punika palaporan ngengingi
kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat.
·
Katrangan ingkang saged maringi kabar utawa babagan
sawijining kahanan.
· Prastawa utawi
kakadosan ingkang nembe dumados wonten ing sawijining papan panggenang ingkang
taksih dados rumaosing tiyang kathah.
·
Pambiwara : tiyang ingkang
maosaken pawartos.
Unsur-unsur
Pawartos
1.
Who (sinten) :
sinten ingkang tumindak.
2.
What (menapa) :
menapa ingkang dipuntindakaken.
3.
When (kapan) :
kapan kadadosanipun.
4.
Where (wonten pundi)
: wonten pundi papanipun.
5.
Why (kenging
menapa) : kenging menapa saged tumindak kados menika.
6.
How (kadospundi) :
kadospundi caranipun.
Jinising
Pawartos.
1.
Pawartos
Langsung (straight news)
2.
Pawartos
Mendalam (depth news)
3.
Pawartos Opini (opini
news)
4.
Pawartos Photo
Struktur
Panyeratan Pawartos
1.
Irah-irahan (head)
2.
Baris tengah (dateline)
3.
Teras pawartos (lead)
4.
Wos pawartos (body)
Prinsip
Pawartos
1.
Aktual
2.
Faktual
3.
Cekak os
4.
Narik kawigaten
5.
Jangkep.
Ingkang
nemokake bobot biji pawartos
1.
Aktualis
2.
Sesambetan
kaliyan papan kadadosan
3.
Sesambetan
kaliyan unsur-unsur ingkang katut ing saklebetipun kadadosan.
4.
Sesambetan
kaliyan padamelan pamaos.
Ingkang perlu
dipungatosaken (mirengke pamaos)
1.
Mangertosi
kanthi cetha perkawis ingkang dipunaturaken.
2.
Bedakaken
informasi ingkang wigati saha ingkang boten wigati.
3.
Nyathet
informasi ingkang leres saha premati.
Ingkang pelu
dipungatosaken nalika maringi panyaruhipun
1.
Penyaruhipun
menika sak mesthinipun kanthi cekak aos, padhat saha, lan dipunronce kanthi
sae.
2.
Perkawis utawi
bab ingkang dipunparingi panyaruhipun kedah cerita.
3.
Tembung-tembung
saha ukara ingkang dipunginakaken kedah gampil dipungertosi .
4.
Panyaruhipun
menika kedah dipunparingi lelandesan ingkang logis, dipuntambahi fakta
saha bukti ingkang relevan (nggadahi sesambetan).
Ingkang
dipungatosaken nalika maos pawartos
1.
Pocapan (lafal)
: nggatosaken vokal lan konsonan.
2.
Lagu ukara
inggih punika gegayutan kaliyan adhap inggiling swara/nada.
3. Kawijangan
pocapan inggih punika gamblang dipunmirengaken saha leres tumraping
pangegem basa.
4.
Pandelenging
netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg.
5.
Solah bawa maos
kaudiya ingkang santun miwah leres.
Tuladha
Lengene Bayi digunting
Ibune Dewe
Jombang. Miris banget kelakuane Nur Inani
Ana (33) warga dusun Ngudirejo kecamatan Diwek marang putrine dewe. Dheweke
tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi(25/8). Nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
“Otot lengene
pedhot, sawise diwenehi pangrumatan, bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD
dr.Soetomo Surabaya,” atur dr.Agung,dokter jaga UGD RSUD Jombang.
Agung ngrujuk
bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter
spesialis. “sawise tatune ditutup, bayi langsung karujuk menyang RSUD
dr.Soetomo.” ujare. Kahanan balunge pedhot opo ora durung iso menehi katrangan
kang rinci.” kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo
rujuk.” ujar dr.Agung.
Aisyah (jenenge
bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00 wib kahanane
parah banget. Awake lemes, amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone.
Nganti ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes terus.
Tekan rumah
sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile, sedelo banjur iso
nangis. Tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.
Aisya putri
kang kapisan pasangan. Arifin(31) lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka
tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe
iku, mung ana Aisyah, ibune lan simbah putri, Sa’adah(48). Arifin bapake Aisyah
wiwit isuk wis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran.” aku keprungu
tangise wiwit jam 05.30” kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka
omah korban.” tak kiro nangis lumrah.” tangise kok ora kaya biasane, tangisane
kok suwe banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.” Ature pamane.
Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki
Aisyah ing kamare, sakarone kaget banget weruh tangane Aiayah ngetokake geteh
nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
Ora kepingin
putune tambah parah, Sa.adah lan putrane (paman Aisyah) gawa Aisyah menyang
RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya di
kancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’ada mulih niliki kahanan ibune korban.
Arifin kaget
banget weruh kahanan kaya mankene.” wektu kadadean aku isih ning pasar aku
langsung budal mrene”kandane Arifin.
A. Struktur
Irah Irahan : Lengene bayi di gunting ibune dewe
Teras : Paragraf 1
Wos : Paragraf 2-8
Dateline : dek wingi(25/8).
B. Unsur 5w + 1H
1.
What :Lengene bayi di gunting
ibune dewe
2.
When :tanggal 25 agustus 2012
3.
Who : Nur Anani Ana = pelaku
Aisyah = korban
Arifin = garwa pelaku
Sa’adah = mbah korban
Paman = paman korban
4.
Why :Nur Anani Ana tega
ngunting tangan bayine kang isih umur 7
wulan tanpa
alesan kang jelas
5.
Where :Neng ngomah e Nur Anani Ana lan
Arifin,terus Aisyah di
rujuk ing RSUD Jombang
6. How :
·
Nur Inani Ana (33) tega ngunting tangan bayine kang
isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).
·
Pamane krungu Aku keprungu tangise wiwit jam 05.30, tangise
ora kaya biasane, tangisane Aisyah suwe banget, padahal biasane bocah kuwi
ceria banget.
· Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki Aisyah ing
kamare, sakarone kaget banget weruh tangane Aiayah ngetokake geteh nganti
nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
·
Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang
RSUD Jombang jam 10.00 wib kahanane parah banget.
·
Bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo
Surabaya
C. Informasi Wigatos :
Ing Jombang, miris
banget kelakuane Nur Inani Ana(33) warga dusun Ngudirejo kecamatan Diwek marang
putrine dewe. Dheweke tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek
wingi(25/8). Nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
D. Informasi ingkang leres :
·
Nur Inani Ana(33) tega ngunting tangan bayine kang
isih umur 7 wulan dek wingi(25/8).
·
Bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo
Surabaya,”atur dr.Agung, dokter jaga UGD RSUD Jombang.
·
Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang
RSUD Jombang jam 10.00 wib kahanane parah banget.
·
Aisya putri kang kapisan pasangan. Arifin (31) lan Nur
Inani Ana (33)
·
Aku keprungu tangise wiwit jam 05.30 “kandane salah
sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah korban. “tak kiro nangis lumrah.” tangise kok ora kaya biasane, tangisane kok
suwe banget, padahal biasane bocah kuwi ceria banget.”Ature pamane.
·
“wektu kadadean aku isih ning pasar aku langsung budal
mrene” kandane Arifin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar