Sabtu, 20 Mei 2017

CERKAK (CERITA CEKAK)

Cerita cekak (cerkak) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae. Crita cekak iku crita gancaran kang ngandhut prastawa kang ora dawa lan ora akeh alur critane. Cerkak punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif.
Tehnik tehnik sastra :
a.       Tema
b.      Tokoh
c.       Plot/alur
d.      Basa/saha
e.       Insight
Ciri-cirine cerkak:
a.    Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
b.    Isine padhet (ringkes)
c.    Alur mung siji
d.    Basane mentes
e.    Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon
f.    Ceritane cekak 1 pragmen/adegan
g.    Prekara kang diceritakake mung siji
h.    Cacahe paraga mung sithik
i.     Setting tunggal
j.     Wekdal ingkang cekak
k.    1 plot/alur
l.      Paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe
m.   Menawa ditulis antarane mung 1000-20.000 tembung

Unsur Intrinsik
Inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeling cerkak piyambak.
a.       Tema
Inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
b.      Latar (Setting)
Inggih punika panggenan, swasana, ingkang wonten ing salebeting cerkak.
a.       Latar papan, tuladha : omah, sawah, pasar, lsp.
b.      Latar wekdal, tuladaha : esuk, awan, jam 9, lsp.
c.       Latar kawontenan, tuladha : sedhih, lsp.
c.       Alur (plot)
Inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Keperang dados 3:
·         Alur Maju              : Cariyosipun tansah lumampah majeng
·         Alur Mundur         : Cariyosipun tansah lumampah mundur
·         Alur Campuran     : Campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur
Alur punika kaperang dados pinten pinten tataran, inggih punika :
-          Pangantar : perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan,  saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitanipun cariyos.
-          Wiwitaning prekawis : peanganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga
-          Klimaks : prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos
-          Antiklimaks : prekawis sekedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical
-          Resolusi : prekawis sampun saged karampungaken.
Pungkasan crita kaperang dados 2 :
ü  Happy ending      : ing paripurnane crita nyenengake
ü  Sad ending           : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.
d.      Watak
Inggih menika karakter paraga ingkang wonten ing cariyos.
Saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika :
-          Pacelathon paraga
-          Gegambaran paraga
-          Gegambaraning blegeripun paraga
Teknik panyerat nggambaraken watak tokoh :
-          Teknik analitik : watak paraga kagambaraken kanthi langsung dhening panyerat
-          Teknik dramatik : watak paraga kagambaraken kanthi :
·         Nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun
·         Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
·         Basa ingkang kaginakaken paraga
·         Cara anggenipun mikir saking paraga
·         Cara wontenipun paraga sanes.
e.       Amanat (piwulang luhur)
Inggih punika piweling ingkang badhe kaaturaken dhening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
f.       Sudut pandang
Inggih punika kalenggahan panyerat rikala nyariosaken. Kapantha dados kalih :
-          Tiyang ingkang kapisan         : panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos.
-          Tiyang ingkang katiga            : Panyerat minangka dhalang ing cariyosipun
g.      Gaya Bahasa
Inggih punika basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun cariyos.
Unsur Ekstrinsik
Inggih punika unsur unsur ingkang wontenipun ing sawijining cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika.
-          Nilai nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
-          Latar belakang gesangipun panganggit
-          Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel.
Tuladha
SWARGA IMPEN
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku  nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
Jakarta, Januari 2003
Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing"
Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana
UNSUR INTRINSIK “SWARGA IMPEN”
1)      Tema :     Swarga Dunya
2)      Latar  :  
a.       Latar Panggonan  : Omah lan Ndhalan Kutha Jakarta
b.      Latar wektu : Sore
c.       Latar Suasana : Trenyuhake, Tegang
3)      Paraga lan watak :
a.        Mas Gondho : Males, Gampang meri
b.        Tanto            : Polos, gampang pracaya
4)      Alur                      : Maju
5)      Sudut Pandhang : Tiyang ingkang katiga
6)      Amanat                : Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha
7)      Basa                     : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu

Sumber : Kaklempakaken saking pinten pinten sumber kanthi ewah-ewahansawetawis.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar