Sabtu, 20 Mei 2017

SESORAH




Pangertosan sesorah
Sesorah yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Ingkang kedah dipungatosaken supados nengsemken
1.      Busana (ageman)
Anggenipun ngadi busana kajumbuhna kaliyan kaperluwanipun, wonten ing adicara menapa ingkang badhe dipunayahi. Umpaminipun wonten ing pahargyan panganten, langkung prayogi ngagem busana kejawen jangkep.
2.      Subasita (trapsila, tata krami)
Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel, prayogi ingkang prasaj kemawon, anteng, manteb, nanging boten kaken. Pramila saged gladhen wonten ing sangajengipun pengilon, mangke badhe manggihi patrap ingkang luwes tuwin pantes.
3.      Swara (vocal, basa populer)
Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha kedaling swanten. Pocapan inggih mekaten ugi, kaudi saged mbedak-mbedakaken swantening tembung-tembung ingkang medal kanthi cetha. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, nanging ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
4.      Basa tuwin sastra
Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung ingkang salajengipun dipunronce ukara ingkang trep, luwes, sae, wasana sekeca kapirangaken. Manggihi jaman menika, prayogi ngagem tembung-tembung ingkang prasaja kemawon. Dados langkung gampil katampi saha dipun mangertosi tegesipun dening ingkang mirengaken. Saged kemawon mbok bilih langkung marem ngginakaken basa ingkang langkung rinengga, kanthi tembung-tembung ingkang endah, ananging ugi kedah ngngeti saha njumbuhaken kaliyan kawontenanipun. Dene basa ingkang trep ugi ngengeti tuntunaning parama-satra ingkang leres. Ringkesipun basa ingkang komunikatif inggih menika basa ingkang kedah angengeti :
1.      Sinten ingkang gineman.
2.      Sinten ingkang dipunajakgineman.
3.      Sinten ingkang dipunginem.
4.      Swasana nalikanipun gineman.
5.      Sami mangertosi ingkang dipunginem.

Ancasing sesorah
1.      Sesorah pambagyaharja
2.      Sesorah mamitaken jenazah
3.      Sesorah ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.      Sesorah ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.      Sesorah pamedhar sabda
6.      Sesorah palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Patrap sarira tuwin pasuryan kedah katindakaken
1.      Jumeneng kanthi sigrak tuwin jejeg , sikaping suku megar metawis kalih jobin, percaya diri.
2.      Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, namung sampun katingal kaku.
3.      Polatan katingal sumeh, namung boten katingal kadamel-damel.
4.      Mriksani dhumateng para pamiarsa kanthi trapsila.
5.      Penggalih dipunsarehaken, supados suwanten boten kepireng ndredeg.
6.      Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhaken kaliyan kawontenan.
7.      Suwanten boten perlu sora, ingkang cekapan ananging wijang.
8.      Ngagem basa ngkang alus, boten perlu muluk-muluk, supados gampil dipunraos.
9.      Panganikaan boten perlu muter-muter, cekap, saged nyakup punapa-punapa ingkang badhe dipunkajengi.
Jinising sesorah
1.      Sesorah kanthi cara apalan
Cara menika saderengipun sampun damel seratan sesorah lajeng dipunapalaken tembung ngantos ukaranipun presis kaliyan cathetan. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2.      Sesorah kanthi cara naskah utawi teks
Cara menika pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipunginakaken dening para pejabat utawi punggawaning negari, mliginipun ing upacara-upacara resmi.
3.      Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromtu
Cara menika pidhato boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah. Kanthi menika piyantunipun kedah ingkang sampun beken lan padatan kersa medhar sabda.
4.      Sesorah kanthi cara eksemporan
Cara menika pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikaken. Cathetan wau namung wos-wos utami garis ageng ingkang badhe dipunaturaken kemawon.

Cengkorongan Medhar Sabda
1.      Salam pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun).
2.    Purwaka inggih menika ngunjukaken puja puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara.
3.     Surasaning basa/isi/wos sesorah, inggih menika uderaning bab ingkang dipunwedharaken.
4.      Dudutaan (simpulan) inggih menika inti sarining wedharan pangajeng-ajeng inggih menika bab-bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng.
5.     Wasana inggih menika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.
Tuladha Teks Sesorah
SESORAH MANGETI DINTEN SUMPAH PEMUDA
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni,
Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 1 Godean ingkang satuhu kinurmatan,
Sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.  Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda.  Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar