UYON-UYON
Uyon-uyon
·
Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika
pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing
pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya
ndhalang, dipunwastani ‘patalon’. Uyon-uyon saged dipunsebat unining gendhing- gendhing tanpa joged / umume kanthi
thuthukan alon utawa lelagon jawa sing ditembangke sinden tanpa jejogedan.
·
Unining gendhing tanpa joged utawi umumipun kanthi thuthukan
alon
·
‘uyu’, (kn.) Gegendhingan nabuh gamelan (ing nalikane duwe
gawe) miturut Baoesastradjawa W.J.S Poerwadarminta
Lancaran
LELAGON PANGATAG
Swarawati : Bapakne wanci esuk
Tlaten
temen kowe tenguk tenguk
Ngelingana
ning pawon kendile ngguling
Wiraswara : Lha iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon
Swarawati : Iya bener kandhamu
Pawon
iku dadi kwajibanku
Ning
pikiren beras entek bumbu tapis
Wiraswara : Yen ngono aku seng kojur
Apa sing kudu tak adol
Swarawati : Aja keladuk gemblung
Uwong
lanang mung kawitan dhengkul
Apa
seneng yen brayatmu pada klingsir
Wiraswara : Mangka aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong
Swarawati : Hambok welas anakmu
Galo
kae ana kebon jembrung
Sregep
ana olah lemah ditanduri
Wiraswara: Aku njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon
Tumandhang anggarap kebon
GUGUR GUNUNG
2 7 2 7 2 7 2 7 3 5 7 6 3 2 7 6
a-yo kan-ca a-yo kan-ca nga-yah-i kar-ya-ning pra-ja
2 3 2 3 2 3 2 3 2 7 6 5 6 2 5 3
Ke-ne ke-ne ke-ne ke-ne gu-gur gu-nung tan-dang ga-we
. . 5 6 6 6 6 6 2 3 5 6 5 7 6 5
Sa-yuk sa-yuk ru-kun be-ba-reng-an sak-kan-ca-ne
. . 2 3 3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2
li-la lan le-ga-wa kang-go mul-ya-ning ne-ga-ra
2 7 2 7 2 7 2 7 . . 3 5 6 6 6 6
Si-ji lo-ro te-lu pa-pat ma-ju pa-pat pa-pat
. 3 6 7 6 3 3 3 2 7 6 5 3 3 3
di-u-lang u-lung-a-ke mes-thi eng-gal ram-pung-e
. 6 6 6 6 6 . 6 6 . 5 5 5 5 5 . 5 5
Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris
. 3 3 3 3 3 . 3 3 . 7 2 6 5 3 . 2 2
Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris
Piwulang Budi pekerti ing tembang Gugur Gunung :
1. Sing rukun karo kanca, tangga,
sedulur.
2. Nyambut gawe yen ditindakake
bebarengan, enggal rampung
3. Gotong royong bisa ngraketake
paseduluran
4. Yen nyambut gawe kudu eklas (
lila legawa) supaya oleh rahmating Gusti.
5. Warga kudu labuh Negara, supaya
Negara lan bangsa mulya raharja.
Gamelan
·
Gamelan
inggih punika tetabuhan kang rericikane akeh banget (miturut Baoesastra W.J.S).
· Gendhang Lirihan utawa alusan,
inggih punika gendhing ingkang ngginakaken ricikan/ instrument ingkang cara
nabuhipun ‘lirih’ utawa alus.
·
Musik
gamelan Jawa nduwe nada luwih lebut
lan alon, gamelan Bali tempone luwih cepet, uga gamelan Sundha sing musike mndayu-dayu lan dominasi swara suling.
· Laras pelog punika 1 2 3 4 5 6 7.
Laras slendro punika 1 2 3 5 6.
Kasusastran kang tinemu ing Gendhing
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan
kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku lak-luking swara
kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku lelagoning gamelan
kawangun saking mawarni aspek karawitan.
4. Gamelan yaiku piranti karawitan
kanggo ngiringi tembang, kayata; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong
gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara
cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka
gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan
dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing
tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen-unen mawa lagu
ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing/ pradangga.
10. Swarawati yaiku waranggana,
pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung.
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake
bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/
pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang
dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/
lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating
panabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kanggo mbukani
gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan utawa swara
kang kanggo bukani gendhing.
17. Blimbingan yaiku wujud wilahan
gender, slenthem, demung, saron, lan peking sing tengahe nganggo lingiran.
18. Niyaga yaiku paraga kang ngayahi
nabuh gangsa.
19. Paniti yaiku paraga kang kajibah
mranata tata rakiting gangsa ing panggungan lan ngupakawis gangsa.
20. Karawitan yaiku gumelaring gangsa
saprabote.
21. Waranggana yaiku wanita ingkang
ngrengga karaawitan kanthi sindhenan.
22. Saprangkat yaiku gangsa jangkep,
laras slendro lan pelog.
23. Sapangkon yaiku namung laras slendro
utawi pelog kemawon.
24. Cokekan yaiku pagelaran karawitan
kang ricikanipun gender, slenthem, kendhang batangan, siter, gong kemodhong.
25. Alusan yaiku gender, gambang, rebab,
siter, suling.
26. Balungan yaiku demung, saron,
peking.
Rericikanipun Gamelan
1. Wujud Tabokan
Kendhang Ageng
|
Kendhang sing paling gedhe ukurane
dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
|
Kendhang Ketipung
|
Kendhang kang paling cilik dhewe
lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
|
Kendhang Ciblon
|
Kendhang kang duweni ukuran
sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane
luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
|
Kendhang Wayangan
|
Kendhang sing ukurane sedheng,
luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.
|
2. Wujud Wilahan
Gender
|
Gamelan kang kasusun ing papan
kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo
ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
|
Slenthem
|
Wujud balungan kang ngasilake
swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender
gantung.
|
Gambang
|
Wujudipun gedhe tur dawa lan
wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih
rendah.Ditabuh ngagem bendha
|
Saron Demung
|
Jinis saron kang paling gedhe
ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe.
Ditabuh ngagem gandhen.
|
Saron Barung
|
Jinis saron tengah-tengah
(antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan
luwih cilik katimbang demung. Luwih
dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
|
Saron Peking
|
Jinis saron kang paling cilik.
Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel.
Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.
|
3. Wujud Wilahan Pencon
Slentho
|
Cara nabuhipun dithuthuk.
|
Gong Kemodhong
|
Ditabuh ngagem gembel.
|
Kecer
|
Perangkat gamelan ditangkubake ing
pasangane.
|
4. Wujud Pencon
Bonang Panembung
|
Wujud bonang kang paling gedhe.
|
Bonang Penerus
|
Wujud
bonang kang cilik dhewe.
|
Bonang Barung
|
Wujud bonang sing luwih cilik saka
bonag panembung lan penerus. Asring kanggo mbukani gendhing.
|
Kethuk
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing
papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek
katimbang kenong.
|
Kempyang
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing
papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek
katimbang kenong.
|
Kenong
|
Perangkat gamelan kang kasusun ing
papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
|
Kempul
|
Biasane digantung. Bentukane koyo
gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
|
Gong Ageng
|
Gamelan kang ditabuh lan diametere
paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
|
Gong Suwukan
|
Gamelan kang ditabuh lan ukurane
gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng.
|
5. Wujud Kawatan
Rebab
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe
dikosok/digesek.
|
Siter
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe
dipetik nganggo tangan.
|
Celempung
|
Wujud gamelan kang cara nabuhe
dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.
|
6. Wujud Pipa
Suling
|
Dipundamel saking deling/pring.
Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing
digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing
digeterake.
|
Kemanak
|
Perangkat gamelan kang wujude
memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
|
Tabuh Gamelan